jump to navigation

Listrik mati Mei 30, 2008

Posted by joesti in Terminal.
Tags:
add a comment

Pasokan solar menyang PLTU Tambaklorok telat tekane, lha rak ngerti aku apa sababe. Sing dadi susah kota Semarang pirang-pirang dina iki dilakokke ‘pemadaman bergilir’. Wheladalah dadi sarwa susah. Mau wengi listik mati nalika maghrib mangka anakku taksih cilik-cilik, lha dadi rame tho. Dumadakan aku wis rencana gawe presentasi wengi kuwi dadi rak sida, lha wis ora isa kerja kanthi petengan. Alhamdulillah listrik murub maneh jam 9, bocah-bocah wis pada turu. Mbuka laptop gawe presentasi yok. Ndang dirampungna, sesuk wis ditagih.

Sinau Think.com Mei 26, 2008

Posted by joesti in Terminal.
Tags:
add a comment

Think.com iku salah sijine situs kang nyepakke web kanggo komunikasi guru, murid ing sekolah dewe utawa karo guru/murid ing negara/papan liya. Ing sekolahku diwarahke dening pak Ari Sumarsono saka SMK YAPPI Gunungkidul. Yen dilakoni memang nganggo think.com, anggone nulis tugas, ngumpulke tugas, kabar-kabar nang siswa luwih gampang lan luwih terdokumentasi. Think.com malah luwih nyepakke sarana luwih komplit. Pengen luwih ngerti, gabung yok.

Selapan Mei 17, 2008

Posted by joesti in Terminal.
Tags:
add a comment

Dina iki, genep selapan putraku sing nomor kaleh. Putraku sing iki diparingi asma Ikhlash Tyastama Bahy. Ikhlash salah sijining jeneng surat ing Al Quran sing ateges kudu ikhlas anggone ngaku gusti Allah. Tyas saka basa Kawi sing ateges kalbu, Tama saka tembung utama. Lan Bahy ateges bagus, lan duwe netra sing edi peni. Dadi sing disuwun dadiya bocah sing bagus lan ngutamake kalbu sing ikhlas. Amin.